Selasa, 24 November 2009

08 Perangan Kang Kapisan


08 Pérangan Kang Kapisan
Bab 8
Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara,
Ratu kang kaping IV ing Majapait (tahun 1350 - 1389)
Awit saking gedhéné lelabuhané Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwé saya misuwur kuwasané.
Prabu Ayam Wuruk tetep jumeneng ratu agung binathara ngerèh sapepadhaning ratu.
Sang Nata krama oleh nakdhèrèke piyambak kang wewangi Retna Susumnadewi.
Para santanané padha ginadhuhan tanah dhéwé dhéwé ing samurwaté. Déné kuwajibané para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokaké kudu ngadhep ing panjenengané Nata, mulané kabèh padha duwè dalem becik becik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara.
Ing jaman iku ana pujangga kraton aran "Prapanca" (Budha).
Ing tahun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakertagama.
Ana manèh pujangga aran Empu Tantular nganggit layang Arjunawiwaha.
Majapait ing wektu iku emèh mbawahaké satanah Indhiya Wétan kabèh, kayata: Tanah Jawa Wétan lan Tengah, Sumatra, wiwit Lampung tekan Acih (Perlak), Bornéo (Banjarmasin), Sélebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dompo), saparoning Malaka lan sabageyaning Nieuw Guinéa.

Tanah Sundha ora ditelukaké. Kang jumeneng ratu ana ing tanah Sundha mau ajejuluk Prabu Wangi, putrané putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosaké, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi perang.
Prabu Wangi séda ing paprangan lan akèh punggawané kang mati ana paprangan; ewadéné tanah Sundha ora dibawah Majapait, isih madeg dhéwé ing saterusé.

Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan.
Padésan ing sakubenging candhi utawa padhépokaning para pandhita lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopèni candhi padhépokan mau.
Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané.
Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis ana.
Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo ragad perang lan kanggo kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan liya liyané.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji.
Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani Kèpèng.
Wong lanang padha ngoré rambut, wong wadon gelungan kondhé. Wiwit enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep diempakaké.
Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong.
Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kéwan utawa uwong utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané "Bubat"
Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan sauruté iya tau dirawuhi.

Prakara perdagangan iya dadi gedhé banget, awit saka majuning lelayaran kagawa saka kèhing nagara nagara kang kabawah ing Majapait sing kelet letan sagara.
Bab kagunan, kayata: ngukir ukir sapepadhané, kombule ing Tanah Jawa Wétan dhèk pungkasané abad kang katelulas, lan ing wiwitané abad kang pat belas, mung baé panggawéné reca reca kang apik apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu.
Cekaking carita: Nalika panjenengané Prabu Ayam Wuruk iku, Majapait lagi unggul unggule, samubarang lagi sarwa onjo.
Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka selir asma "Bhre Wirabhumi" jumeneng Nata ana ing bagéyan kang wétan.
Déné kang nggentèni keprabon Majapait putra mantuné Sang Nata, ajejuluk Wikramawardhana (tahun 1389 - 1400).
Ing tahun 1400 Sang Prabu sèlèh keprabon, kersané arep mandhita, ananging sapengkeré Sang nata, putra lan sentanané padha rebutan nggentèni keprabon.
Prabu Wikramawardhana banjur kapeksa kundur jumeneng ratu manèh nganti tekan tahun 1428.
Sajroning jumeneng sing kèri iki Sang Prabu nerusaké merangi santanané kang wus kabanjur ngraman nalika Sang Prabu jengkar saka kraton.
Rèhning perang iki nganti suwé dadi nganakaké kapitunan akèh lan karusakan gedhé, awit teluk telukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gelem kabawah Majapait.
Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn pinatèn wis dadi lumrah.
Akèh wong main lan adu jago totohané gedhéni.
Ing tahun 1428 - 1447 kang jumeneng nata ratu putri jejuluk Retna Dewi Suhita, putrané Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir.
Terusé banjur banjur Prabu Kertawijaya (1447 - 1452) lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa (1456 - 1466), Pandan Salas (1446 - 1468), banjur Prabu Bhrawijaya V (1468 - 1478).
Mungguh babade ratu ratu kang wekasan iki ora terang, mulané ora disebutaké.
Ana ratu ing nagara Keling (salor wétané Kedhiri, sakidul kuloné Surabaya) jejuluk Prabu Ranawijaya Giridrawardhana ngelar jajahan nelukaké Jenggala, Kedhiri lan uga mbedhah Majapait (tahun 1478).
Bedhahè Majapait iku kuthané ora dirusak, awit ing tahun 1521 lan 1541 nagara Majapait isih kecrita kutha kang gedhé.
Suwé suwé kutha Majapait dadi rusak, awit wong wongé kang ora seneng kaerèh ing kraton liya, padha genti genti ninggal negarané, nglèrèg marang tanah Bali.
Saiki Majapait mung kari patilasan baé, awujud pager bata tilas mubeng lan tilas gapura (Candhi Tikus, Bajang Ratu).
Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis mlebu saka sathithik, saya suwé saya bisa ngalahaké dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wétan.

Mungguh kaananing tanah Sundha ing wektu iku ora pati kasumurupan.
Sawisé krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krajan Sundha ing tahun 1030 nagarané kira kira ing Cibadhak.
Enggoné ora ana wong manca kang mlebu mrono, marga saka kèhing bajag kang padha nganggu gawé ing sauruting pasisir.
Ing Priyangan sisih wétan ana krajané aran Galuh, kang ngadegaké ayaké ratu aran Pusaka, ratu liyané jejuluk Wastukencana lan Prabu Wang(g)i.
ing tahun 1433 Sang Ratu Dewa iya Raja Purana, ngadegaké kutha anyar aran Pakuan (Batutulis).
Karajan iki aran Pajajaran. Tulisan kang ana ing watu kono nerangaké manawa Sang Prabu yasa segaran.
Pajajaran semuné krajan rada gedhé lan ngerèhaké Cirebon barang.

Minggu, 06 September 2009

Nyinau Basa Jawa Nganti Rasa Seneng


Mberah ingkang ngomong yen basa jawa iku angel. Malah ana sing ndhuwe pendapat yen sinau basa jawa angel daripada sinau basa manca. Kamangka ingkang ndhuwe pendapat mau yo wong asli jawa. Saka ngendhi kok iso ngunu kuwi? Kenopo bener basa jawa iku angel? Jarene wong tuwa, basa jawa ora angel tenan. Yen kagawe angel yo terus dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ing basa jawa ana sing diwastani undha usuk utawa unggah ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa mau kebagi dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Saka unggah-ungguh basa cacah papat mau ingkang kaanggep paling gampang yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu mberah digunake ing daerah jawa, digunake kanggo omongan wong tuwa marang wong enom, utawa bocah, kanggo guyonan bocah karo bocah, utawa wong tuwa karo wong tuwa ingkang wes cedhak banget.
Dene unggah-ungguh basa ingkang kaanggep angel yaiku krama alus, amarga mberah ngapalake tembung-tembung, mligine tembung ingkang kanggo ngaosi marang wong tuwa. Babagan undha usuk utawa unggah ungguhe basa mau kanggo para siswa bisa kasinau ing sakjerone wucalan basa jawa ing pawiyatan.
Saka anane keputusan gubernur jawa tengah nomor 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa jawa, basa jawa dadi wucalan wajib ingkang diwenehake ing pawiyatan-pawiyatan mulai SD (Sekolah Dasar) tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ana keputusan gubernur kasebut, wucalan basa jawa namung kanggo jangkep-jangkep, nanging diwucalake ing tataran SD tekan SMP. Sak iki basa jawa muali enthuk kalodhangan mirunggan, mugi-mugi kemawon bisa njalari basa jawa dadi ngrembaka, ora ajeg mrihatosake.
Mberah para pengamat basa ingkang kembar ngomong nek sejatose ingkang njalari basa jawa dadi mrihatosake kuwi ora liyane ya saka wong jawa ndhewe. Saperangan gedhe wong jawa ora ngulinakake nganggo basa jawa ing urip paditene. Pikire yen basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya-liyane. Kasunyatan wekdal kuwi mberah keluarga-keluarga jawa anggene kembar nggulawenthah putrane ora ngganggo basa jawa. Utamane ibu-ibu, sanajan asli wong jawa, nanging kaya-kaya wes lali karo basa jawa. Kebukti yen ndhuwe putra, saka lair putrane wes dikulinake nganggo basa indonesia. Babar pisan ora dikulinakake ngomong basa Jawi.
Dadi para putra kembar ora dhong basa jawa. Apa neh unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu mau kembar ngomong perkara ing jaman teknologi sarwa majeng kuwi basa jawa ora patos prelu lan malih sak iki umume kembar nganggo basa Indonesia. Pramila pilih nganggo basa Indonesia kemawon ingkang ngomonge gampang. Pikiran mau ana benere nanging uga mberah klentune. Wes dingerteni ing mberah basa jawa yen ora nanging isa kanggo pasrawungan kuwi. Luwih saka kuwi basa jawa uga bisa kangge nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti marang para putra.
Kanthi ngulinakake nganggo basa jawa, kaajab para putra mau bisa luwih nggadhahi tatakrama ingkang apik nglewati unggah-ungguhing basa. Basa jawa menika tetep nggadhahi keapikan menawi katandhingake kaliyan basa liyane. Matur nuwun Minangka tuladha, aku tau maca siji rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, ingkang nyebatake bilih tembung-tembung ing basa jawa menika apik-apik. Lagi anggene ngucapake kemawon benten kaliyan tembung-tembung ing basa liyane. Upamine tembung “matur nuwun” anggene ngucapake tamtu kanthi sareh. Benten kaliyan anggene ngucapake tembung thank you, terima kasih, kamsia, ingkang bisa diucapake kanthi seru utawa sora. Basa jawa bisa disinau kanggo cara ingkang warni-warni, kados ingkang taksih tansah kulatindakake. Cara-cara mau umpamine, bisa sinau lewat buku-buku basa jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawi mrangguli bab-bab ingkang ora cetha kedhah wantun njaluk ajar marang bapa utawa ibu guru basa jawa.
Kanggo sing durung reti, kalawarti lan ariwarti basa jawa iku isine werni-werni, saka dongeng kanggo para putra, kabudayaan, kasusastraan, tekan paramasastra kabeh ana. Kanthiasring maca wacanan basa jawa ndhek mau ora kraos seserepan kita bab basa jawa bisa tambah mudeng. Sak wise seneng maca, menawa manggihake bab-bab sing kurang cetha, bisa njaluk ajar kaliyan para sesepuh ingkang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawa, lumrahe para sesepuh ndhek mau nyata bisa tenan. Sak banjure, prekara kasil lan ora anggene nyinau basa jawa ndhek mau gumantung marang pribadine dhewe-dhewe. Ingkang wigati, sak durunge mulai nyinau basa jawa luwih ndhisik kudu ndhuwe niyat ingkang kiyat kanthi dilandhesi rasa seneng marang basa jawa. Nindakake pegawean menapa kemawon menawi dilandhesi rasa seneng lumrahe tamtu arep nuwuhake asil ingkang apik lan nyenengake. Luwih apik yen wong ingkang wis kinodrat dadi wong jawa sumangga sama nggadhahi rasa seneng marang basa jawa. Sapa meneh ingkang kudu nyenengi yen ora wong jawa ndhewe. Ya aku kaliyan panjenegan kabeh.

Sabtu, 25 Juli 2009

Tugas Basa Jawa


  1. Adol lenga kari busik : Dum-dum barang, nanging sing adum ora oleh bagian
    Bu Ani kagungan gula kathah. Bu Ani pingin mbadum gula-gulane kuwi marang tanggane. Gulane sing badhe dibadhum kathah. Tiyang ingkang nampi gulane kathah padha. Amargi saking kathahe tiyang, Bu Ani nganti ora kebagian gulane dhewe.
  2. Ana catur mungkur : ora seneng nyampuri urusane liyan
    Bu Nina mertamu marang daleme Bu Cici. Nalika iku, Bu Cici lan garwane lagi tukaran. Bu Nina ngertos tukarane Bu Cici lan garwane. Nanging, Bu Nini ora gelem melu-melu.
  3. Anak molah bapak kepradah : wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
    Anto bocahe nakal. Senenge nyolong peleme Pak Burhan. Pak Burhan dukani Anto. Nanging, amarga Anto ora isa dikandhani, Pak Burhan dukani Bapake Anto padha wae.
  4. Andaka ina tan wrin upaya : Wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang.
    Kadir nyolong penggarise Andi. Andi reti nek penggarise ilang dicolong Kadir. Andi kandha marang kanca-kancane nek Kadir nyolong penggarise. Andi lan kanca-kancane dakwa Kadir nyolong penggaris. Nanging, Kadir ora gelem ngaku, malah nggoleki penggarise Andi mau.
  5. Anirna patra : ngungkiri tulisane dhewe
    Arini nulis pendapate ning koran. Pendapate mau kuwi dipajang ning oran. Esuke, pas Arini maca koran iku, Arini ngamuk-ngamuk dhewe. Arini takok sapa sing nulis pendpat kaya ngono. Arini ora reti padahal sing nulis iku piyambakan.
  6. Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
    Tina senengane mangan. Nanging bar mangan ora gelem ngasahi piringe mau. Mesthi Bibie Tina kang ngasahi.
  7. Arep nengkane emoh pulute : gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
    Deni seneng dadi artis. Kagiatane artis saben dina mesthi padet. Gajiane yo mesthi mberah. Sayange, Deni mex sneng pas mundhut gajian tok. Nanging, yen shuting mesti Deni ora gelem. Wawancara ya ora gelem.
  8. Asu marani gebug : njarag bebaya
    Gaga seneng banget bisa numpak sepedha, nanging durung bisa ngerem lancar. Bapake pesen supados Gaga ora nyepedha tekan ndalan raya. Soale dalane mudun. Lan yen mudun mau ora bisa ngerem bakal mlebu jurang. Ngandikane bapake ora dipadosi Gaga. Gaga malah dolanan ning dalan, padahal Gaga reti yen dheweke durung isa ngerem.
  9. Asu rebutan balung : rebutan utawa padodan sing ora mumpangati
    Ndhek biyen, Citra lan Mita kanca cedhak. Ora tau tukaran. Nanging, amarga Citra lan Mita padha-padha seneng karo Donni, wong loro kuwi tukaran kanggo rebutan Donni. Lan persahabatane wong loro mau dadi ora cedhak kaya ndhek biyen gara-gara rebutan pacar.
  10. Bathok bolu isi madu : dianggep wong lumrah nanging sugih kapinteran
    Hani iku wong ora dhuwe. Kanca-kancane mesthi ngece Hani amarga Hani wong cilik. Nanging kanca-kancane ora reti yen Hani iku pinter. Pas ning kelas, kancane Hani sing sugih-sugih bijine padha ning ngisore Hani, bijine Hani apik dhewe. Hani sing bocah cilik, jebule sugih kapinteran.
  11. Bebek diwuruki nglangi : wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
    Mimi bocah pinter. Yen diwulang gurune mesthi digatekna tenanan. Sakwise gurune nerangke pelajaran, Mimi diaturi pertanyaan bab pelajaran mau. Angger diaturii pertanyaan, Mimi mesthi isa jawab amarga pelajaran mau digatekna tenanan lan gelis melbu ing otake.
  12. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
    Bobi anake bupati. Awake gedhe lan bocahe pinter. Ning sekolah Bobi senenge ngancemi kancane, nek ana kancane sing ora gelem manut karo Bobi, bakal dikandhakake bapake. Kanca-kancane padha wedhi karo Bobi.
  13. Belo melu seton : bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
    Kanca-kancane Titi lagi ngomongke sesuatu. Sakwise kuwi, Titi teka lan langsung melu ngomong. Padahal, Titi ora reti apa kang lagi diomonge karo kancane.
  14. Beras utah arang bali menyang takare: barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
    Moli resik-resik kamare. Mberah kertas sing numpuk ning kamare. Amarga kuwi, Moli pingin mbakar kertas-kertas mau. Nanging Moli ora milihi kertas sing isih kanggo apa ora malah langsung mbakar. Bar kuwi, Moli ditimbali ibuke, ibuke tangklet apa kertas ulangane Moli sing mesthi dikumpulke ning Pak Guru wes ditumpuk apa durung. Moli kaget. Moli lali karo kertase. Kertas ulangane kathut kebakar karo kertas liyane, lan wes dadi abu. Moli nesu karo awake dhewe amarga oga milihi kertas sing isih kanggo mau.
  15. mBidung api rowang : Ethok-ethok nulung naging sejatine arep ngrusuhi
    Rara tiba saka sepedha. Kanca-kancane nulungi, Fani melu ngrubung. Nanging, Fani ora arep nulungi malah sepedhane Rara wes ngadek ditibakna maneh. Jebule, Fani mek ethuk-ethuk lan pingin nambah maneh.
  16. mBondhan tanpa ratu : mbangkang marang nagara
    Pak Eksa ora seneng karo pemerintahan. Amarga kuwi, wektu ana upacara, bendera merah putih dirusak kaliyan Pak Eksa.
  17. Car-cor kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos ora dipikir ndhisik
    Clara bocahe cerewet. Senengane ngomong. Clara senenge ngomonge kancane. Lina, kancane, diece amarga kacamripate Lina gedhe. Pas iku, Lina ana ning kono. Clara ora ngatekna ning kono ana Lina apa ora, tapi langsung ceplas-ceplos. Hasile, Lina nangis lan isin karo dheweke.
  18. Cedhak celeng boloten : cedhak karo wong ala bakal kathut ala
    Cacha bocah apik, sregep sinau. Nanging senenge dolan karo Lola, bocah sing paling nakal lan jarang sinau. Amarga seneng dolan karo bocah nakal, tingkahe Cacha dadi melu nakal kaya Lola. Sing biyasane Cacha sregep sinau, saiki dolanan terus karo Lola.
  19. Cobolo mangan teki : wong bodho banget tur tumindhak asor
    Popo bocahe ora pateo pinter. Nanging, mesthi yen ngendhikan karo wong kang luwih tuwa asor banget. Mbangkang, ngendhikane ora alus, senengane mbentak.
  20. Criwis cawis : seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
    Sandi senenge maido karo adike gara-gara adike ora bisa pelajaran. Nanging, bar maida, Sandi mesthi ngajari adike pelajaran kang adike ora bisa nganti bisa.
 

Copyright © 2008 Designed by SimplyWP | Made free by Scrapbooking Software | Bloggerized by Ipiet Notez | Blog Templates created by Web Hosting Men