Selasa, 02 Februari 2010

Pamitan Haji


Assalammualaikum Wr. Wb.,
Para sesepuh pinesepuh ingkang kinurmatan, para hadirin hadirat ingkang dipunmulyaaken dening Gusti Allah. Langkung rumiyin monggo kaunjukaken syukur dening Gusti Allah, amargi kula lan panjenengan sedoyo tasih saged kempal manunggal ing mriki, dalemipun Bapak Amir.
Kaparengan wonten titiwanci menika, kula amakili warga Condong Catur matur dhateng Bapak Amir, ingkang sepisan, kula lan warga sedoyo ngunjukaken puji syukur dhateng Allah amargi Bapak Amir kepareng wedal kangge nindakaken rukun islam ingkang 5, inggih menika haji. Ingkang kalih, kula lan warga sedoyo ndherek mangayubagya tindhakipun bapak amir. Mugi-mugi tansah kaparingan, sehaat, lan dadosa haji mabrur. Kula lan waarga sedoyo nyuwun pangapunten ingkang kathah, mbok bilih sowan kula lan warga sedoyo.
Makaten ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih kathah kalepatan, kula nyuwun pangapunten.
Wassalammualaikum Wr. Wb.
 

Copyright © 2008 Designed by SimplyWP | Made free by Scrapbooking Software | Bloggerized by Ipiet Notez | Blog Templates created by Web Hosting Men